Selamat Datang di Blog Resmi Forum Pemuda Prendeng untuk Pembaharuan. FOPPERA mengucapkan "Selamat Hari Raya Idul Fitri 1432 H, Mohon Maaf Lahir dan Batin"

Sabtu, 07 Mei 2011

Lucu ne Wong Prendeng Bar Pemilu Bupati

Tanggal 1 Mei 2011, nang kabupetan Kalongan (nek uwong nyebut Pekalongan) podo umume masyarakate agi melaksanakan coblosan pemilu ngo milih bupati Pekalongan. sedino ngo milih Bupati sing jabatane limang tahun (5 tahun) mengarep. kadi jam 7 isuk tekan jam 2 awan, masyarakat dikon nyoblos nang TPS-TPS sing wis disiapne panitia pemilihan utowo nek coro nang tingkat deso arane KPPS. semono ugo keramean pemilu (coblosan) juga terjadi nang kampung Prendeng. Nah,..kiye coba tak gambarne secara singkat suasana nang prendeng kadi mulai pemungutan suara sampai beberapa hari setelah pemungutan suara.

Raut muka tegang, karo penasaran koyone agi menyelimuti masyarakat Prendengan sembari nunggu hasil coblosan. kiro-kiro jam 2 awan perhitungan suara pun dimulai, masyarakat Prendengan podo wira wiri nyambangi TPS-TPS ngo menuntaskan dahaga atas rasa penasarannya. intine pas dino minggu kae uwong prendengan podo "grudak-gruduk-ngalor-ngidul" nonton perhitungan suara. nang Prendengan ono loro TPS, sing pertama TPS e nang Balai Desa, sing kedua nang Lapangan Badminton (Pak Gangsar). Uwong kidulan podo maring lor,..uwong lor'an podo nang kidulan, pokoke ngluwihi suasana bodo. cuma bedane ora ono sing takbiran,.....nek sing dadi pendukunge Antono-Fadia koyone paling podo gembira periode pemilihan kiye, masalahe setelah perhitungan rampung TPS sing nang Prendengan/keseluruhan Sinangohprendeng, pasangan Antono-Fadia unggul ketimbang pasangan liyane.

Nah,..kiye sing ditunggu-tunggu, opo sih efek setelah pemilu bupati winggi? kiye coba tak gambarne beberapa petikan celoteh uwong Prendengan setelah 3-6 hari pemilihan;

Percakapan Sektor Tengah

Si P-QR:"...lah,...uwong kok podo mereg, emang arep diwenehi jabatan opo koe wong cilik kue,.."(celoteh kiye metu sesaat para pendunkung Antono-Fadia arep podo kumpul-kumpul nang omahe Pak Kepala Desa, Khususe para Ibu-ibu ne).

Si P-AF:",...lha,..emang mbiyen deweke ora omok pas Qomariyah menang, uwong malahan podo gengsot nang warunge xxx, kok ora rumongso zanu" (celoteh kiye seketika keluar dari para pendukung Antono-Fadia sing ngeroso ora terimo diece-ece)

Percakapan Keluarga
Si PS:."seneng iyo mak, Antono Menang?.."
Si dGs:",..ah...nek menang kue ra nek sawahe P.A.N.E.N!..."

Percakapan Warung

Si MP:"...Antono menang yo De,..tik..tiuk..papat-papat (4=nomor urut Antono-Fadia),.."
Si MGl:"..menang opo kalah mbuh lah,paling-paling yo A.N.G.O.B,,,tok,.."
Si MP&MGl:..." hahaha hha iyo yo de, wong paling sing tani yo tetep tani, sing macul yo macul, paling-paling yo resen kaos tok!

Percakapan Lugu
Si Y:"..si R koe winggi nyoblos opo?
si R:"..nyoblos telu (3=Qomariyah-Riswadi)
si Y:"..bude klalen, koe winggi nyoblos opo?
si R:"...telu, Qori..."

Percakapan Sawah

Si Pd:"..oleh duit piro"
si Ar:"sepuluh ewu,..(10 ribu).., mlangyan"
si Pd:"yo mekoleh, idep-idep matun sekesuk"

Percakapan Segala Sektor
Si T:"...kae ra,..ora podo idep ngisin podo kemerug milu-milu nyate wedus,..
Si MGl: ",,iyo,..emang dasar ora podo ngidep isin, njukuti sate, ayam di kanduti gowo ngumah" (celoteh kiye rame setelah pendukung Antono-Fadia syukuran nyembeleh wedos nang kidulan)

kuilah secuplik gambaran sing muncul nang masyarakat Prendeng setelah Pemilu Bupati. kanggo konco-konco, sedulur, lan uwong Prendengan sing durung sempet ngerti hasil pemilu kiye rekap perhitungan suarane;

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Grants For Single Moms